Assalamu'alaikum wr.wb.
-
Panjenenganipun ingkang dhahat
kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah
anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen.
-
Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama,
para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang mboten saged kula sebat asma
setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah
pitutur luhuripun.
-
Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam
pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan
tinuladha.
-
Sumawono sanggyaning poro rawuh,
kakung miwah putri, sumrambah poro kadang wredha mudho, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun
Bp/Ibu ............. gotrah kulowarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing .............................. ngriki ingkang luhur ing budi.
Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi
konjuk dhumateng ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih
wiloso miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya
lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged
makempal wonten papan menika kanthi pinaringan kawilujengan tuwin
karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula
ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Shalawat
lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados
panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW
ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah....Allahumma amin.
Sagung para rawuh, para pilenggah
ingkang dhahat sinudarsana, kakung sumawana putri. Minangkani sedaya kulawarga
saking ......................................, langkung rumiyin keparenga kula ndherek nepangaken, bilih nami kula....................., kula menika adik saking bapakipun penganten putri, keparenga
matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......... dalah gotrah kulawarga,
- Ingkang setunggal, kula sarombongan saking ................................. sowan dhumateng
panjenenganipun Bp/Ibu ........... sagung kulawarga, niat silaturrahmi.
-
Kaping kalihipun, ngaturaken salam
taklim lan salam takzhim katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............. sa’agung kulawarga dalasan bebrayan agung...................... ngriki, saha
sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur
“Assalamu'alaikum wr.wb.”
-
Kaping tiganipun, minangkani kulawarga
ageng saking ................
ngaturaken ndherek suka bingah dene panjenenganipun Bp ................ sagung kulawarga , kepareng minahargya ngundhuh mantu
kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para
pinisepuh. Kepara malah lajeng nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang
ngremenaken , pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken maewu-ewu syukur
alhamdulillah saha agunging panuwun
Panjenenganipun Bp/Ibu ............. dalasan kulawarga ingkang dhahat
kinurmatan, minangkani kulawarga ageng saking ........................ keparenga kula hamasrahaken temanten kekalih, nuwun inggih Mas Bagus .............. kaliyan anak kula nuwun inggih ................ ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~rumiyn dening Bp Petugas Pencatat Nikah Kecamatan..................., nuwun inggih dinten
........................, surya kaping ........................., wonten ing .....................
Ingkang menika, kanthi raos suka lila
legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, penganten kekalih ingkang
sampun sah menggah satataning agami lan negari menika, mugi kepareng
katampi, kinanthenan pangajab mugi karengkuha kadidene putra pribadhi,
kagulawenthah saha pamardi, sahengga ............... kula pun ..................menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa
lan bale griya, saha bekti dhateng para pepundhen, lan tansah pasrah sumarah
kanthi patrap pangibadah dhumateng ngarsaning Gusti
Ugi mboten kesupen, kula pasrahaken
putra-putra temanten menika wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi
tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu
sak murwatipun
Kejawi saking menika, inggih awit saking
kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring
pitedah-pitedah, panyaruwe, lan panyendhu rikalaning kirang leres, ingkang
tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing
bebrayan agung, jer menika lare, waleh-waleh menapa, inggih nuwun sewu, menika
lare ndhusun, temtu kemawon kathah kekirangan ing seserepanipun, pramila mugi
keparenga hangegungaken pangaksaminipun, keparenga sabar pamomongipun, sahengga
tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, tansah
pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin
Sanggya adilenggah, kakung sumawana
putri ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih
kalantur-lantur anggen kula matur, pramila kula cekapaken semanten kemawon
pamatur kula. Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan
keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah
pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala
Ing wasana, mbokbilih wonten kalepatan,
kekirangan, saha kiranging trapsila anggen kula matur, menapadene sowan kula
sarombongan mboten andadosaken pirenaning penggalih, keparenga kula nyuwun
agunging samodra pangaksami.
Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah
Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah
Wassalamu'alaikum wr.wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar